Puji dina. Sinten ingkang kapengin katurutan sedyanipun, maosa puji dinten lan anglampahana kados ing ngandhap punika :
a.Dina Akad : Ora nginang sadina sawengi, pujine : yahkayu yahkayumu, kaping 500.
b.Dina Senen : Ora mangan iwak sadina sawengi, pujine : yarahkmanu yarohkimu, kaping 400.
c.Dinten Slasa : Puwasa sadina sawengi, pujine Yamaliku yakudusu, kaping 300.
d.Dinten Rebo : Ora mangan uyah sadina sawengi, pujine : Yakabiru yamuntaha, kaping 700.
e.Dinten Kemis : Ora ngombe sadina sawengi, pujine : yangalimu yangakimu, kaping 800.
f.Dinten Jumuah : Ora mangan sega sadina sawengi, (kena mangan liyane sega), pujine : Yakapi, kaping 600.
g.Dinten Saptu : Ora turu sadina sawengi, pujine : Yarapu yapatangu, kaping 900.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar